Astagfirullah Robbal Baroyah
Astagfirullah Minnal Khotoyah
Robbidzitni ‘Lmannafi’ah
Wawafiqni Amalan Sholehah
Ya Rasulullah Salamun Alaik
Ya Rofi’asa Niwadaroji
Adfataiyaji Rotal’alamin
Yaa Uhailalju Diwalkharomin
Ngawiti Insun Marang Syi’iran
Kelawan Muji Mareng Pengeran
Kang Pareng Rohmad Lan Kenikmatan
Rino Wengine Tanpo Petungan 2x
Duh Bolo Konco Priyo Wanito
Ojo Mung Ngaji Selain Agomo
Gor Pinter Dongeng, Nulis, Lan Moco
Tembe Mburine Bakal Sangsoro 2x
Akeh Kang Apal Qur’an Haditse
Seneng Ngaferke Marang Liyane
Kafire Dewe Gak Digateke
Yen Iseh Kotor Ati Akale 2x
Gampang Kang Bujuk Nafsu Angkoro
Ing Pepaese Gebyare Donyo
Iri Lan Meri Sugihe Tonggo
Mulo Atine Peteng Lan Nesto 2x
Ayo Sedulur Jo Nglalek Ake
Wajibe Ngaji Sak Pranatane
Mekandel Aken Iman Tauhidte
Baguse Sangu Mulyo Matine 2x
Kang Aran Sholeh Bagus Atine
Kerono Mapan Cari ‘Ilmuni
Laku Torikot Lan Ma’rifate
Ugo Hakekat Manjeng Rasane 2x
Al Qur’an Khodim Wahyu Minulyo
Tanpo Ditulis Iso Di Woco
Iku Wejangan Guru Waskito
Den Ditancepake Eng Jero Dodo 2x
Kumantel Ati Lan Pikiran
Rasuk Ing Badan Sampek Jeroan
Muji Jejak Rosul Dadi Pedoman
Minongko Dalan Manjinge Iman 2x
Kelawan Allah Kang Moho Suci
Kudu Rangkulan Rino Lan Wengi
Ditirakati Di Riadhoi
Dzikir Lan Suluk Jo Nganti Lali 2x
Uripe Ayem Rumongso Aman
Dununge Roso Kondo Yen Iman
Sabar Nerimo Najan Pas Pasan
Kabeh Dinakder Sangkeng Pangeran 2x
Kelawan Konco Dulur Lan Tonggo
Kang Podo Rukun, Ojo Nyesio
Iku Sunahe Rasul Kang Mulyo
Nabi Muhammad Panutan Kito 2x
Ayo Nglakoni Sekabehaning
Allah Kang Bakal Ngangkat Drajate
Senajan Ashor Toto Dhohire
Anangeng Mulyo Maqom Drajate 2x
Lamun Palastro Eng Pungkasane
Ora Kesasar Roh Lan Sukmane
Den Gadang Allah Suargo Manggone
Utuh Mayite Ugo Ulese 2x
Ya Rasulullah Salamun Alaik
Ya Rofi’asa Niwadaroji
Adfataiyaji Rotal’alamin
Yaa Uhailalju Diwalkharomin 2x
Al Fatehah…
Tidak ada komentar:
Posting Komentar